28 November 2010
Ngenteni tumekane tanggal enom,
14 November 2010
KANGGO SING RUMANGSA
Semarang, 13 Desember 2006
Ana wong sing sok-sok kuwasa
Mrentah-mrentah kaya wong gedhe
Nesu-nesu sak karepe
Karo wong sing ora nduwe
Ngepek barang kaya-kaya dhuwekke dhewe
Mangka ngerti wae ora
Sok-sok ngatur liyane
Kabeh sing ning ngarep mripate
Perkara kudu bubar ora suwe
Thenguk-thenguk ing tengah awe
Ning ngarepe sing cilik sok kuwasa
Sok rekasa ning ngarepe sing gedhe
Mloya-mlayu mrona-mrene
Ora ngerti apa ubekke
Sing penting katon seje
Nek pas ora ana sok sulaya
Tumindhak miturut udele
Nistha-nistha nganti semene
Kapan padha sadare. Selengkapnya...
AJI TRESNAMU
Semarang, 17 Desember 2006
Ati seneng ora ketulung
Bisa linggahan ing mriki
Jejeran karo sedherek ayu
Netrane tansah suminar
Nyumirati ati kang petheng
Duh wong manis…
Atiku wis kebacut tresna
Aku ora bisa nangkis
Aji tresna pangasihmu
Mung esemu
Bisa agawe lemesing awakku
Solahmu sing ngremenake
Gawe ati iki trenyuh
Ati iki mili nututi sukmamu
Sliramu sing tansah mlayu,
Aku wong lanang sing ringkih
Katut marang suwara saking ragamu
Bakal tak ubeg jagad ndonya
Bareng sliramu kang saguh ngancani
Ukara tresna wis ora bisa makili
Rasa sing ana ning jero iki
Mung kanggo sliramu
Duh cah ayu
Sing wis nyolong atiku
Selengkapnya...
06 September 2010
Ikhlas Pasa
Direwangi ora mangan sak awan
Direwangi tangi gasik
Direwangi awak lemes sedina
Nanging…
Ora bisa ngempet nepsune
Ora bisa ngempet nesune
Ora bisa ora nggremeni liyan
Ora bisa ikhlas ngelakoni ibadah
Pasa iku dudu alesan ora mergawe
Pasa iku dudu alesan supaya turu wae
Pasa iku dudu ibadah kapeksan
Pasa iku dudu nggo pantes-pantesan
Nanging…
Kudu bisa ngresikake ati
Kudu bisa nyingkirake rerungsuh
Kudu kanthi niyat kang ikhlas
Kudu tetep ngelakoni ibadah liyan
Tiwas…
Direwangi weteng ngelih
Direwangi ora mangan sak awan
Direwangi tangi gasik
Direwangi awak lemes sedina
Nanging…
Ora ana hasile
Ora ana paedahe
Ora ana hikmahe
Ora ana gunane Selengkapnya...
15 April 2010
JAWA TRESNAKU
Dening : Yoni Ahmad
Jawa...
Wis tak goleki awakmu saben sakparak-parak
Kawit jaman majapahit nganti jaman sarwa pahit
Tak wolak-walik apa sing ana neng kiwa tengen
Ora bisa nemu kahanan awakmu,
saya kowe tak goleki sansaya awakmu ngilang
tenan lan estu aku pengen bisa cerak karo awakmu
nanging kenging menapa awakmu tega ninggal aku,
aku kang tansah nunggu tekamu,
kang kelara-lara niba tangi golek kahananmu
ora...
aku ora pengen kilangan awakmu,
aja...
aku njaluk kowe aja lunga
aku bakal ngelakoni apa wae supaya kowe ora ninggal aku
aku bakal dadi sing kaluwih apuk
supaya bisa ngrumati awakmu
supaya bisa njaga awakmu,
aku pengen kowe bisa balik kaya biyen
nalika jenemu kasebar ana ing jagad,
lan sesandingan kanthi tentrem raharja,
jawa, saestu aku tresna marang awakmu
Selengkapnya...
SAPU
Dening Yoni Ahmad
Delengana kae sapu !
Sapu kae rusuh, lan kerep ketemu rerungsuhan
Awu, lemah, sawang, sampah, nganti lencung
Wis dadi dolanane sedina-dina
Apa dadine yen tanpa sapu?
Nanging apa ana pahargyan kanggo sapu?
Ora..
Ora bakal,
sejatine rasa kang tulus iku ora bakal njaluk apa-apa
Selengkapnya...
PANJALUKE IBU
Dening : Yoni Ahmad
Le, anakku sing paling bagus
Aja nangis, aja..!
Dudu salahmu nek kowe saiki ora bisa mangan
Dudu salahmu nek kowe saiki ora bisa nyandang
Dudu salahmu nek kowe saiki ora kaya wong liya,
ibumu iki wis ngupaya,
supayane kowe dadi wong
ibumu iki wis kapontang-panting ngalor ngidul
niba tangi golek kahuripan kanggo kulawarga
nanging balung tuwa iki ya ana watese
jangkahe sikil iki mung cekak ukurane,
salahke wae ibumu iki Le !
salahke wae ibumu sing ora bisa
nguripi awakmu kaya dene wong liya
ora bisa menehi apa sing dadi panjalukmu,
salahke wae ibumu iki,
salahke !
nanging, aku mung njaluk siji saka kowe Le,
dadiya wong
Selengkapnya...
AS... (U) TAGFIRULLAHALADZIM
Dening : Yoni Ahmad
Sawetara saiki aku wis ora bisa mikir
ora saguh aku ngonangi bab kaya iki
wong-wong wis ning ndonya wis padha kenthir
bok menawa aku uga aneng njerone
coba kok pikir !
apa yaa ana manungsa saiki sing ora edan dhuwit
pancen sing paling kuwasa ning ndonya iki dhuwit
nanging mbok yaa tansah mikir kahanane liyan...
sepet mripat iki ndelengi bab kaya iki
kuping iki gatel keprungu kabar,
tangise wong-wong kere ora kumanan pangan
pangedhe-pangedhe oyok-oyokan artha lan tahta
rasane ati iki pengen misuh
As......
tagfirullah, ora kuat tutuk iki ngomongke
nganti maling wae akeh banget jinis lan wujude
nek dikaji nganggo metodologi penelitian
semana uga tingkatane wong-wong kere
ora luwih sithik tinimbang wong-wong gedhe,
saiki mbalik mara jama perang
nek biyen perange kanggo krajan lan nagari,
saiki perange kanggo weteng
weteng sing akeh cacinge dawa-dawa
As...
Su,
edan tenan,
pancen kahanan nggawe manungsa padha edan
saya maju jamane ora sansaya enak uripe
malah sansaya dadi sarwa angel,
aku wus ora bisa mikir
ati iki kasringan krungu kabar-kabar panas
weteng iki wus kedarung luwe
uteg iki wiskeblanjur butheg
ati panas rasane pengen misuh,
As.....
tagfirullahaladzim,
duh Gusti paringana aku sabar
Selengkapnya...
RAHWANA UCUL
Dening : Yoni Ahmad
AKU PENGEN MULIH
Dening : Yoni Ahmad
Apa yaa nek saumpama mripat iki merem wengi iki
Nggawa aku nglang-langi ngalam impi
Bakal ana sing nangekake aku ing esuk mangke
Wus suwe ora dak rungu ana suwara-suwara ngundang aku
Supaya age-age endang tumandang sholat subuh
Ngelingake yen saikine aku wis diwasa
Wis wayahe kudu bisa tangi dhewe
Nanging suwara kuwi isih keprungu jelas,
“Cung, ayo tangi! Wis wayahe nglakoni kewajibane
Ayo ndang njenggelek njupuk banyu wudlu,
Banjur sawuse kuwi nganjutke pakarnyan!”
Sanajan kahanan saiki ing kene ora kaya kuwi maneh
Amarga aku urip adoh saka omah lan kluwarga
Aku tansah krungu suwara-suwara mau sanajan mung alon
Suwara gemuyune adhik-adhikku cilik padha dedolanan
Kaya-kaya njewer kupingku nganti krasa panas
“Mas, nek bali maneh mangke aku nitip
Saperangan buku lan bulpen kanggo aku sinahu!”
Ah, rasane ati iki ora karuhan anane
Aku pengen krungu suwara nangekake aku subuh
Aku pengen krungu suwara gemuyu adhik-adhiku
Saikine krasa aku pengen nangis, aku kangen
Aku pengen bali
Aku pengen mulih
Selengkapnya...
BANYU GENI
Dening : Yoni Ahmad
Suwaramu kaya dene laras sinenkuyung dening gamelan
Netramu ngalahi beninge banyu murni
Tumindakmu ora ngalahi tirta kahuripan
Ibarate banyu udan,
Awakmu nguripi saperangan tetanduran
Luwese awakmu nalika gambyong
Kaya gegodhongan ing ngarep taman
Kang nari kapiyak sumribite bayu
Kaya wangine melathi nalika mekar
Awakmu paring sengsem kaliyan liyan
Sanajan aku kaku kaya dene watu
Lindes saperangan sing diliwati
Namung bisa gawe cilaka
Pamanggihku atos ngungkuli waja
Ora tedhas digada, ora tedas dipilara
Atiku panas kaya geni trengginas
Mangan apa wae tanpa tilas,
Banyu lan geni ora bisa nyawiji
Selengkapnya...
BANYU GENI
Dening : Yoni Ahmad
Suwaramu kaya dene laras sinenkuyung dening gamelan
Netramu ngalahi beninge banyu murni
Tumindakmu ora ngalahi tirta kahuripan
Ibarate banyu udan,
Awakmu nguripi saperangan tetanduran
Luwese awakmu nalika gambyong
Kaya gegodhongan ing ngarep taman
Kang nari kapiyak sumribite bayu
Kaya wangine melathi nalika mekar
Awakmu paring sengsem kaliyan liyan
Sanajan aku kaku kaya dene watu
Lindes saperangan sing diliwati
Namung bisa gawe cilaka
Pamanggihku atos ngungkuli waja
Ora tedhas digada, ora tedas dipilara
Atiku panas kaya geni trengginas
Mangan apa wae tanpa tilas,
Banyu lan geni ora bisa nyawiji
Selengkapnya...
30 November 2009
Geguritan Tahun 40-an Lanjutan
GEGAMBARAN
Dening : Subagjo Ilham N.
Cahya padma manguwung ing jumantra
Tandha ring arsa ginanti hyang ratri
Sajak owel surya ninggal arcapada
Kasengsem mawas kaendahaning bumi
Tan beda ian angganing kelana mudha
Kang arsa pepisahan ian kekasihe
Rumangsa kewran arsa malujeng kata
Kepencut nyawang memaniking netrane
Mula nora gampang ninggal kasenengan
Kang baud maweh kemaremaning driya
Karasa abot sumedhot ing gagasan
Nggrantes nandhes sumendhal terns ing nala
Mula begja wong kang baud amikani
Marang owah gingsiring kaanan donya
Sadurunge wus padha den – mengerteni
Yen tan barang langgng lan lana
(april merdika, no. 4, i, 1 januari 1946)
PEPAESING JALMA
Dening: s. Wisnukuncaya
Pra titan keh salah tampi
Ngira yen pepaesing janmi
Mung mutiara kang sarwiyadi
Myang busana endah keksi
Malah ing jaman samangkya
Manunggsa, kasmaran ngudi
Tambah kathaing paagadi-raga
Numpuk donya-brana-rukmi
Ngilmu-nyata kang kaeksi
Inguber kinekep-kekep
Ngelmi-batin panglaras budi
Sinepak tan keras nyecep
Keh jalma wasis mumpuni
lepas ngelmi-lahir sami
Nging tan eling mring wajibnva
Sung harja tentrem sesami
Dadiya katiplak angkara
Nyembah ngabdi iblis nepsu
Mung pecus cecetik latu
Maharani yudeng donya
Jatine jalmo utami
Warga bangsa mulaya tuhu
Tan kenging tinggal lelaku
Ngudi sampurnaning budi
Supados suk sagung janmi lahir batin
kang kuciwa jalma ngeti ing jalminya sung kerta raharjeng bumi
(penyebar semangat, no. 41, xvil 17 december 1947)
WAYANGAN
Dening : R. Intoyo
Banyu telaga akinclong-kinclong
Kataman cahyaning Hyang Baskara
Jroning banyu katon mencorong
Wewayanganing surya ing akasa.
Grumbul miwah kekavon aroyom
Muwuhi asrining wewayangan
Sliwering manuk kang golek ijon
Kumelap angrengga pesawangan.
Nanging sawuse surup srengenge
Gambar ing telaga ilang musna
Kasaput sepi-samuning wengi.
Kaya mangkono ing sanyatane
Padhang-pelenge atining manungsa
Gumantung marang karsane hyang widi.
(kejawen, no. 88, 4 nopember 1941)
Tepa palupi
Kupu kekejar neng antariksa
Mbabar keendahaning elare
Ciptane mangsa anaa madha
Nandhingi ing bab kasantosane
Kasaru tekane si branjangan
Sigra nyamber kupu kemalungkung
Anggite tan ana bisa nglawan
Cukat, trampil kaya nogone nladung
Sumbare kukila kang deksura
“sapa baya kang wani prang tandhing.”
Nora ngerti yen ngisor ana janma
Ribut riwut nggoe masang jaring
Dahat suka kaki jaru pikat
Dupi mulat jarine ngenani
Batine: “eh branjangan keparat,
Aja sira nglawan marang mami.”
Juru pikat ngungulake dhadha
Kurang weweka tiba kesandung
Samengko lagi rumangsa papan
Tangane tugel sikile putung
Sambat melas asih juru ngala
” ah, banget kumalungkung aku iki
Yektine manungsa titah ina,
Sing kuwasa mung gusti pribadi.”
(panji pustaka, no. 17, xxii, i september 1946)
Swara gaib
Dening : sr. Sumatra
Nuju sawijining wengi petenge ndhedhet kepati angin sumilir ndayani nyenyete pagan kang sepi
Pikiran nglambrang ngelangut lir surya katawang pedhut slira tanata kang tinut
Kadi sajroning sumaput
Mikir pepesthening dhiri rasa koncatan pambudi nenga sepa nungkul sepi
Lir uwuh kentir ing kali.
Urip mung, kakean taun parnbudi ambyar ngalarnun
Kramean karasa samun
Lair ngguyu : batin nuwun
Kadya paran wusanane
Yen manggung tansah mangkene j
Jagad tanata gunane
Kaendahan kanggep sepele.
Lintang-lintang dirgantara
Kumelap abyor warata b
Baya iku nulunga luware papa cintraka.
Dhuh angin ingkang sumribit tumempuh saguning uwit sambatku sundhul nglangit
baya watakmu nyenyengit
Pagene tan sung pitutur
Ring titah kang nuju kuwur
Nnityasa kojur kajujur
Nyawane yun karya tawur
Lah tanem tuwuh sakalir
Godhongmu ngrambah kumitir mak sar atiku kuwatir
Kira malaekat yun nguntir
Nyendhal mayang raring nyawaku pinundhut marang dewaku
Iho iki ana keprungu
Swara, gaib jroning kalbu.
Tetep tajawuh ian icukuh kuwat cobaning pakewuh ing tembe bakal tumuwuh katekan sagung ginayuh
( kejawen. No. 23, 21 maret 1941)
http://nurulhilal.wordpress.com/category/geguritan-40-an/
Selengkapnya...
Geguritan Tahun 1940
LURUNG
(Mokh. Nursyahid)
Wiwit biyen nganti saiki
Lung iki ngrance crita maneka warna Critane andon lelana ngumbara kelunta-lunta Lelakone seniman nibs tangi ngoyak. crita Tangise wong papa luwe sesambat luru upa Ah, gawe ati nggrentes Ian nalangsa
Wiwit biyen nganti saiki
Lurung iki panggah cengkor kaya ngene
Kaya cengkoring pe-sawahan ngelak udan kiriman Kava cengkoring ati koncatan sih katresnan
Iki kenyatan
Dudu apus-apusan
Tipak tipaking sikil kang nate ngambah lurung iki Ninggal sunggingan-sunggingan ngadhengake ati Nggoritake gars-gars ruwet ngaialiake ilmu pasti Ora saber wong bisa nyurasa tang mangeni
Kejaba pangeran kang murbeng dumadi
(Jayabaya no. 5 XXIII.6)
KASAMPURNANING DHIRI
Tiru-tiru adating pujangga
Yen arsa medhar isining nala.
Kanggo rerenggan isining taman
Tumrap ing tembung guritan
Tontonen isining jagat jembar
Kang sinengker Ian kang ginelar.
Kang ana ing salumahing bumi
Lan kang tinemu ing jalanidi
Yen ginagas kanthi kang ning
Kabeh mau mung kanggo pepeling
Tumraping janma kang duwe ati
Bisa gawe gandrung mring Hyang Widi
Yen manungsa wis dha ngawikan
Marang kwasaring Robbul Izzati
Tartamtu tan padha ge!em kari
ngudi mring kasampurnaning dhiri
(Panji Pustaka, No 20-21, XXI)
GINAWE PRIBADI
Sajak wus suave nggonku ngulati Papan dununge ketentremaning jiwa Suprandene tansah caba tanpa dadi Sayekti bisa gawe judheging nala
Wus dak-upaya ing gedhong gedhe
Wus dak-ungkapi pethining donya brans Andekpuna tansah cabar tanpa gawe Kang dak-goleki datan kapanggya
Renyahing guyumu kekasiliku Gebyaring netrane kant, andudut ati Tan wasis aweh lipuning, kalbu Malah agawelating
Apa mannggon ing panganan kang dirasa
Utawa ana penganggo Kang gumebyar
Kliwat saking anggorihi kasengsaya
pangudiku ajeg tansah sabar
Dhuh para kang wasis wicaksana
Muga tuan karsa njarwani
Punapa leres ujaring para ulama
Bungah susah ginawe ginawe pribadi
Dening Subagijo ilham Notodigjojo
(Panji Pustaka, No. I7, XXII, 1 September 1940)
ILAT
Among sawelat
Ambaning Ilat
Prandene wasis murba misesa
Gawe begja cilakaning angga
Aywa kendhat
Ngreksa ilat
Njaga wetuning wicara saru
Kang njalari tatuning, kalbu
Obahing ilat
Darbe kasiat
Lamun nuju prana bisa mikat
Yen tan pener, agawe oreging ilat
(panji Pustaka 1940. No. 17, XXII)
Gelenging Tekad
Pedhut anggameng aneng pucuking arga
Nutup soroting surya ing wanci enjing
Mbudi daya kanthi sakehing tenaga.
Sang bagaskara ywa nganti aweh pepadhang
Ning sang Hyang weruh marang kuwajiban
Sigra nempuh barisaning pedhut gunung
Pepalangmg laku ginempur lawaran
Matemah ebun kandel tapir tinundung
Tan prabeda lawan telading bangsaku Kang ngugema marang kamardikan Tan mraduli cacah pepalanging laku Kabeh dinuwa caLah kanthi kawicaksanaan.
Golonging tekad ginelong dadi siji
Mbangu,n nagara kang mandhireng pribadhi
(Dening.- Subagyo I.N)
Saking: Kakawarti Panjebar Semangat No.20, tangal 12 juli 1949
KEKASIHKU…
Dening: Subagijo
Lagu lesu atmaku pindha tarn
Ngantu antu nunggu tekamu
Alum alum tumiyung malengkung
Kucem surem tanpa sunat mangguwung
Pradene…
Dinane wus manjalma minggu,
Minggune wus dumada candra…
Aku isih ajeg kanthi nunggu sliranmu
Pangarep-arep isih tetep lena
Manehe…
Wus dak gambar ing gagasan,
Wus dak tulis ing pangenthan-enthan… Sliramu teka sarwa nggawas asmita …
kawi bawaning nusa lan bangsa
Lan…
Sajrone aku cengklungen nganti anti
Nora lali dak sisihi santi pepuji
Ndhedel manduwur marak Hyang manon. Nyuwun supaya kita bisa sapatemon
Nadyan ta…
Wektune wus tansah lunga teka
Dinane wus ganti candra…
Lan candra musna, kongsi mangsane warsa jana, Sliramu meksa durung ana
Nanging pangarep- arepku nora bakal Sirna…
jer…
Ing telenging pangangen angen.
Banget anggonku kapang kangen Kepengin wu‘judmu sanyata
Dhuh kekasihku…
Kamardikaning bumi nusantara
Panji Pustaka, 15 Nopember 1944
http://nurulhilal.wordpress.com/
Selengkapnya...
13 September 2009
Rahwana Kanggo Shinta
Aku ora ngerti
Mung kuwi kang ana ing manahku
Nalika kumlebat wangi sliramu
Sumlesep ngebeki sirahku
Aku tresna sliramu
Ananging iki mung bisa kocap rikala arep turu
Amarga Rama wis nggandeng atimu
Aku arep dadi Rahwana
Tak culik saka Rama
Kabeh daya upaya
Tak wujudake kanggo tresnaku Selengkapnya...
Petruk Dadi Ratu
Petruk dadi Ratu
Patihe Gareng
Bala tentarane Gatotkaca Anoman
Duh Gusti…
Ratu mangane kumlecap
Njagong petengkrengan
Mlaku pecicilan
Ngombe mendem-mendeman
Ora ngerti kang kudu dilakoni
Lakon Petruk dadi Ratu
Kayata Indonesia
Kang mimpin bingung
Padha mabok kakuwasan
Rayahan kursi kapimimpinan
Rayahan bandha donya
Rakyat kang nelangsa
SBY-JK jamane wes liwat
Embuh apa kang kerumat
Mung wong cilik tambah melarat
Mega teka jare gawa tamba
Bareng Prabowo kang iklane sak bajeg Nuswantara
JK-Wiranto arep gawe urip mulya, jarene
SBY-Boediono mung LANJUTKAN ora genah apa sing arep dilanjutake
Halah halah…
Jan Gusti
Petruk dadi Ratu
Lakone kadadeyan nang Indonesia Selengkapnya...
13 Maret 2009
Rekasane Si Embok
wah jen temen rekasane si embok.
ing antarane urip lan pati
anggone nindakake kodrat dadi ibu.
getih kemucur tanpa kaukur
Sanajan kok sengsara kaya ngapa
Kok sangga kanthi lela legawa
Welasmu kaajab ora sia-sia
Pandongamu si jabang nyawa bisa miguna
leres sanget dawuhipun kanjeng nabi
nalika wonten ingkang mundhut pirsa
sak sampunipun Gusti Allah,
sinten tho ingkang paling utama ing dunya
kanjeng nabi paring dawuh nganti kaping tiga:
sing paling utama saindering jagad
ora liya ya mung ibumu.. Selengkapnya...
19 Februari 2009
SIMBOK SIJABANG NYAWA
Getih kemucur tanpa kaukur
Jerite rosa pating jlerit
Nanging awakmu kuwat tanpa sambat
Paring nyawa saka jerone garba
Kanthi welas lan asih
Kok rumat si jabang nyawa
Sanajan kok sekarat kaya ngapa
Awakmu tetep kuwat
Sanajan kok sengsara kaya ngapa
Kok sangga kanthi lela legawa
Welasmu kaajab ora sia-sia
Pandongamu si jabang nyawa bisa miguna
Welasmu ora ketung iwak segara
Ora bisa winales kanthi apa
Welasmu lela legawa
Tresnamu simbok si jabang nyawa
Selengkapnya...LINTANG PESISIR
Suminar ing sisih lor
Kelap-kelip ngendhahi suwasana
Sesarengan kelap-kelipe banyu segara
Lerap-lerap cemorong suminar lintang ing segara
Ombak-ombak cilik tumapak ing pasir
Sansaya wengi sansaya banter
Angina kang tumeka saka lor
Mendhung putih katon lumaku
Nyisiri lelintangan wengi
Nanging lintang tetep pancer
Ana ing titik papan panggonane
Ora owah mensthi naming sekedhik
Si lintang tetep pancer lan nyuminar
Lintang pesisir ora bisa minggir
Endhahe ora bakal sumingkir
Selengkapnya...BALADA SITI
Langit-langit,
Dak sawang rupamu wis ora biru
Ora dak temoni maneg rembulane
Ora dak temoni maneh mendhung putih
Mung ana gambar
Gambar Siti bocah wingi
Bocah manis saka kulon
Sing ketemu nalika semana
Ing langit sliramu katon elok
Tak coba ngranggeh tanganmu
Nanging tangan iki ora saguh
Sliramu ucul lan adoh nyumingkir
Sliramu ilang digondhol langit
Kanyata langit-langit kuwi,
Langit-langit kamar
Jebul kabeh mung ana ing lamun
Siti, bocah sing wingi
Ngarep mburi jenengmu tak dadi siji
Siti…
Selengkapnya...

