Dening : Yoni Ahmad
Kosal-kosel nyisa tapak
Kanti waspadha ngintik incerane
Mripat tansah temen pandelenge
Golek mangsa sing cucuk karp wetenge
Ora gawe lidas ilate
Dumung ngrogal-ngrogel
Ana tikus ngrikiti pari
Nggondholi suket
Dumung isih wapadha
Kanti masang ancang-ancang
Clorot….
Kanti cepet nyamber tikus
Ora mangan tikuse
Nanging malah ngoyok
Pari karo sukete
Jebule dumung saiki
Doyan suket
14 Juni 2008
DUMUNG MANGAN SUKET
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar