28 April 2010
MERGA RADIO
19 Februari 2009
Nalika Rodhane Muter
Atis hawa angin sing sumilir ing ngarep omah nggawe awakku dadi rada mriyang. Wis jam lima sore aku isih thenguk-thenguk ngalamun ngelingi nasibku sing apes kaya ngene. Kawit winginane aku kena cilaka ditabrak mobil pick-up nalika bali saka pasar. Kaya-kaya apes iki ora ana enteke. Aku wis ora bisa makarya maneh kala wingi, wis ora bisa maneh kerja ning pabrik rokok. Ora bisa mbantu-mbantu uwong tuwa maneh, mung dhasare lulusan SMA ora nduwe ketrampilan apa-apa. Aja maneh mlaku ning pabrik sing adohe telung kilo, mlaku ning ngarep omah wae ora bisa. Saikine aku mung bisa linggih anteng ning kursi rodha iki. Kanca-kanca padha ilang amarga sikil iki, pegaweyan ilang, rejeki ilang, mung kari kersi iki sing ngancani aku sawayah-wayah.
Wiwitane ndhisik aku rasane pengen nangis wae, tinimbang saikine uripmung dadi sampahe ndonya. Aku dadi wong wis ora ana gunane. Tangis iki kerep ora bisa tak empet rasane ati iki ora saguh nampa ujian kaya ngene. Mung siji sing isih nggawe aku semangat pengen urip, Heri tukang ojek ning pojokan pasar kae lungit olehe tresna karo aku. Kawit biyen aku sehat nganti saikine aku ora bisa mlaku. Sanajan ngono wong kuwi tetep bisa nampa aku apa anane.
“Eka, magrib-magrib kok isih thenguk-thenguk ning ngarep omah?” suwarane Heri ngagetke aku sing lagi ngalamun.
“Oh,wis magrib to?” jawabku kaget.
“Ngalamun apa to ka? Wong aku ning kene ya mbok ngalamunke!”
“Ih pede, ngalamun kowe medhing turu!”
“Piye mas, wis bar olehe narik?”
“Iya Ka, lha wong sepi ora ana langganan! Wah,nek ngene terus bakal cotho ki!”
“Lha piye mas, nasib!”
“Aku arep usaha wae dik, aku arep ngedegke konter wae. Ning kene kan durung ana kamangka sing butuh akeh!”
“Iya, usaha apa wae tetep tak dhukung mas!”
Janjane aku seneng banget bisa sesambungan karo Mas Heri, wonge apik atine lan sabar. Nek saka pasuryane ya lumayan manis, sanajan rada ireng. Namung wong siji kuwi sing bisa nggawe aku seneng lan mung wong siji kuwi sing tak tresnani.
Nanging sing nggawe aku ora kuwat lan sing nggawe aku pengen ngeculake Mas Heri amarga uwong tuwane ora setuju Mas Heri sesambungan karo aku, sebabe aku iki mung wong wadon sing cacat. Aku ora sampurna kaya dene wong liyane, aku ora bisa mlaku, aku jempor. Najan ngono Mas Heri tetep kenceng wae niate olehe sesambungan karo pitik likaten kaya aku iki. Aku gumun karo uwong siji iki, aku ora ngerti apa sing ditresnani wong siji iki saka aku. Aku ora tega, aku ngumbarke mas Heri dadi anak sing durhaka marang wong tuwane. Aku ajrih, nanging kuwi kekarepane mas Heri lan akuuga ora bisa ngapusi atiku nek aku iki uga tresna karo dhewekke.
“Dhik Eka, aku pengen srius ngomong karo kowe!” pitakonane mas Heri.
“Srius masalah apa to mas?”
“Aku pengen srius olehku sesambungan karo awakmu, aku pengen nyandhing awakmu, aku pengen nglamar kowe!”
“Apa mas?”
“Iya dhik, aku pengen nikah karo kowe!”
“Janjane aku ya pengen banget bisa nikah karo kowe, nanging bapak ibumu ora bisa nampa aku. Aku ciri mas, aku cacat, aku ora pantes kanggo awakmu!”
“Aku ora nggagas omongane wong tuwaku, wong tuwaku mung mikirke awake dhewe ora bisa nyenengake anake!”
“Nanging kuwi wong tuwamu mas!”
“Ah prek, suk bakale padha ngerti nek anake bisa seneng!”
“Aku wis njelaske model apa wae, nanging tetep ora digatek!”
“Nanging Mas…,”
“Dhik, kowe tresna aku ra?”
“Kenapa mas takon kuwi? Mas ngerti jawabane dhewe to?”
“Dhik, nek pancen kowe tresna karo aku tulung aku didhukung. Kanthi kowe ngomong kaya ngono mau nggawe aku dadi lemes, ora bregas anggonku nindakake niyatku. Ngendhoke niyatku sing wis manteb!”
“Iya mas, aku ora pengen kelangan kowe. Aku tresna kowe!”
Ora krasa eluh tumetes ing pipiku, ku bingung. Nek aku sarujuk karo mas Heru artine aku mungsuhi pak Salim karo bojone sing dadi wong tuwane mas Heru ananging aku uga ora pengen kelangan wong sing tak tresnani. Bapak ibukku uga setengah ati anggone nyarujuki niyatku karo mas Heru. Aku mung bisa nangis semendhe biyungku sing padha nangise. Dheweke kereb crita ora tega ndelenge kahananku sing kaya ngene. Rumangsa gela ora bisa nulungi anakke sing paling cilik dhewe, sing kakang mbakyune wis padha nduwe kluwarga dhewe-dhewe mung kari anakke siji iki sing isih melu wong tuwane.
Wis kereb banget mas Heri ngrayu-ngrayu njelaske marang wong tuwane nek dhewekke kepengen banget sesandhingan karo Eka Wahyuni Setyoningrum putrine bapak Rukin. Nanging piye maneh pancen aku sing salah, aku ora ati-ati ngantu aku ditabrak mobil. Aku ora bisa ngarep akeh aku bisa dadi sisihane bocah lanang sing tak tresnani kae. Nanging aku uga pengen ngrasakake apa sing dirsake uwong umume, aku pengen ngrasake apa sing diarani tresna, sing jarene wong-wong bisa nggawe suwarga.
“Ndhuk, sing sabar ya. Perkawis kaya ngapa wae mesthi ana dalane!” celathune ibu ngeneng aku.
“Iya bu, nanging aku isih mamang aku bisa ngliwati iki!” wangsulku.
“Wis ora susah dipikir, dilakoni wae. Mesthi ana dalan!”
Amarga perkawis kuwi aku disengiti kluwargane mas Heru, apa maneh ibune mas Heru sing tansah sinis nek pepanggihan karo aku sing biasane liwat ngarep omaku. Pancen dhasare watake kaya ngono gawan lair, kaya sesakit nurun. Nek pak Salim dhewe asline mung manut karo kekarepane anake, mung merga digetak karo bojone sing kaya mak lampir kuwi dadi ora bisa ngapa-ngapa.
Sewengi aku tansah kepikiran iki terus, aku ora bisa turu. Aku mesake mas heru nek nganti didukani ibune malah-malah nek ditundhung minggat. Ning njaba omah mung katon kelap-kelipe claret lan keprungu suwara gludhug jeglar-jegler pratandha arep udan. Kaya-kaya langit ngerti wae kahanan atiku saiki. Titik-titik suwara udan keprungu saka ndhuwur gendheng. Wis jangkep olehku krasa sedih ora bisa tak empet, aku nangis sewengi nangi aku keturu kira-kira jam telu pajar. Rumangsaku kuwi mas Heru ning omahe lagi padu karo ibune amarga ora diparingi pangestu anggone niat sesandhingan karo aku.
“Ora Her, ora bisa!” ngendikane bu Salim.
“Aku tresna bu karo Eka!” jawabe mas Heri.
“Kuwi bocah cacat, jempor ora pates kanggo kowe!”
“Aku ora peduli, mung bocah kuwi sing bisa nggawe aku seneng!”
“Aku tetep ora setuju, aku ora lela Her!”
Wayah kuwi cara kaya ngapa uwis dilakoni mas Heri kanggo nyakinke ibune nek mas Heri wis bener-bener mateb karo pilihane. Aku wis bisa ngrasake kepriye rasa gethinge bu Salim karo kluwargaku saiki. Esuk umun-umunu Salim wis teka emperan omahu, ora ngerti apa sing dikarepke wong kuwi.
“Bu Rukin…, bu Rukin Metu!” sentake bu Salim.
“Bu Rukin tulung omongke anakmu aja maneh-maneh sesambungan karo anakku. Wong jempor kuwi ora pantes kanggo anakku!” tambahe.
Nalika kuwi aku sing metu saka jero.
“Wonten apa bu Salim?” takonku.
“Ooo…kowe, kleresan. Tulung ya wiwit saiki kowe aja cerak-cerak maneh karo anakku. Kowe ora pantes kanggo anakku, kowe bakal ngrusak masa depane anakku!”
“Aku ora bisa bu!”
“Kudu bisa!”
“Aku tresna mas Heri bu!”
“Alah, pretttt. Janjane kowe butuh apa saka anakku? Dhuwit, bandha, ngomongo!”
“Aku mung pengen bisa urip karo mas Heri!”
“Kowe kudu ngadohi anakku apa kowe bakal nampa akibate dhewe!”
Bu salim ngancam aku banjur ninggalke aku ning ngarrep emper karo eluh sing isih teles ning pipiku. Aku ora nyangka bu Salim bia dadi kaya ngono, kamangka biyene nggenah nek karo aku. Naming gara-gara sikilku sing lumpuh iki wong wadon kuwi bisa dadi kaya cakil kelangan udele.
Sakrampunge kuwi langsung wae nemoni anakke sing nembe mangan ning pawon. Mas Heri diseneni entek-entekan, wis ora entuk ngojek maneh wong anakke priyayi sugih kok seneng dadi tukang ojek. Wis ora entuk ketemu maneh karo aku. Nanging mas Heri ora bisa trima, mas Heri malesi omongane ibune. Nanging ibune tetep ngeyel, wong loro padha eyel-eyelan.
“Her, saikine kowe milih aku ibumu apa bocah jempor kuwi!”
“Bu…”
“Milih sapa?”
Bu salim nggetak karo tangan tengene nyangking peso saka ndhuwur meja.
“Bu, aja bu!”
“Milih sapa?”
“Bu, aja!”
Wong loro padha oyok-oyokan peso. Wong loro padha keker olehe nyekel peso. Ora dinyana klendran, peso lena nyanthol ning dhadhane mas Heru.
“Mas Heru…………….!” Bengokku banter.
Mripatku melek sing katon mung ndhuwuran kamarku. Aku isih krungu suwara kemritik udan ning ndhuwur gendheng, jebulnkabeh mau mung ngimpi. Kabeh mau ora nyata, mung ning njerone impenku. Menawa wae amarga rassa kuwatirku karo mas Heru, kuwatir nek kedaden apa-apa sing elek karo wonge. Aku wedi, aku ajrih, aku ora lela nek nganti kelangan mas heri. Siji-sijine wong lanang sing nduweni lungiting tresna karo awakku lan siji-sijine wong sing tak tresnani.
Esuk aku keprungu kabar nek bu Salim sewengi lagi wae tiba saka saka andha lante loro omahe. Sikil kiwane poklek, lan saikine nembe digawa ning Rumah Sakit. Aku ora bisa nglakoni apa-apa, aku ora bisa sowan niliki bu Salim amarga kahananku sing kaya ngene. Aku mung bisa ning omah karo jaga warunge ibu ngenteni ibune mas Heri bali saka rumah sakit. Ning warung makan ibu ki aku tansah kepikiran kluwargane mas Heri. Aku mikirke kahanane bu Salim sing jarene tiba nggludhung saka andha lan sikile kegencet lemari. Kabare sikile mati siji ora bisa nggo mlaku, nanging aku durung ngerti kahanane dhewe. Jajane aku pengen nanging aku ora bisa. Kala wingi wae aku wis diancam kaya ngono, aku ora wani. Aku krungu saka lik Parmin jarene wonge ning kana nangis wae karo nyeluk-nyeluk jenengku. Aku ora ngerti apa sebabe, apa wong kuwi ngutuk aku apa mbuh aku ora ngerti. Apa wong kuwi sadhar bisa ngrasakke apa sing dak rasakke saiki. Wengine mas Herimara ning omahku kepengen ngajak aku manggihi ibune sing lagi lara ning Rumah Sakit.
“Aku wedi mas!” jawabku.
“Ora apa-apa dhik!” aleme mas Heri.
“Aku ora wani!”
“Ibu pengen ketemu kowe dhik…,”
“lhoh…,” aku bingung.
“iya, sesuk jam wolu tak pethuk ya?”
Esuk kuwi aku karo mas heri mangkat ning rumah sakit numpak mobile pak Salim, bapake mas Heri. Ning sajrone mobil aku mung tansah tratapan atiku ndredheg, rasanwedi ora karuan ngebaki pikiranku. Aku mung bisa merem ora bisa mbayangke apa sing bakal dilakoni bu Salim karo awakku. Tekan rumah sakit aku dijurung mas Heri nganggo kursi rodhaku tumuju kamar oprasi nomer sewelas.
Ning njero kamar wis ana Pak Salim, Fajar adhine mas Heri nomer loro, karo lik Herman adhine pak Salim.
“Reneya ndhuk!”
“Nggih Bu!” jawabku.
Aku disurung mas Heri menyang dipan wesi nggone bu Salim turon.
“Aku njaluk ngapura ya ndhuk, aku mung mikirke awakku dhewe ora bisa nyenengke anakku!”
“Iya bu, sampun tak ngapura. Lha ibu pripun kahanane saiki?”
“Iki mung keteliyer patah sithik, jare dhokter sewulan wis mari. Ndhuk saiki aku kaya ngene, aku ora bisa ngrasakke nek saumpama aku dudu kowe. Aku nduwe niyat kanggo nambakke kowe ndhuk!”
“Tapi bu…,”
“Wis, ora apa-apa!”
***
Selengkapnya...KONDOM BOCOR
Peteng ndhedhet ora ana rembulan sing nyuminari wengi kuwi, nanging isih ana bocah loro sing gluthak-gluthuk. Jam sewelas bengi Anton karo Yuni isih saba kontrakan. Listrik kawit jam wolu bengi padham urung nganti mempan. Hawane atis karana bubar udan, ditambah sumilire angin tansah ngelus rasa. Cah loro kang nandhang rasa asih kuwi isih tongkrong neng ngarep teras kontrakan sinambi ngenteni mempane listrik. Neng njaba ya padha wae, sing wedhok ora bakal katon ayune lan sing lanang ya ora bakal katon ngganthenge. Sing katon mung butheg, ireng, mripate sing melek merem kuwi karo untune nek sawayah-wayah mringis.
Mung dhasare kontrakane neng nggon pojokan, neng kiwa tengene mung ana wit-witan. Tetes-tumetese banyu nganti dadi kembengan neng nggon lemah-lemah sing ledhok. Pancen ganti musim cuwacane ora tentu, angine ya akeh tur banter.
“Mas, atis !” Yuni miwiti celathu
“Iya, nanging piye maneh neng njero ya peteng !” Anton mangsuli.
“Nanging hawane atis banget Mas !”
“Ya wis ki jaketku enggonen !”
Saya bengi hawane saya atis. Nganti ngancik jam rolas listrike durung mempan. Kanca-kanca kontrakane anton uga padha durung balik saka malem mingguwan. Sajake cah nom-noman saiki nek kluyuran ora eling karo wektu. Nek wis ngrasakke enake lali karo sing ana neng kiwa tengene.
“Mas, hawane kok tambah atis ! Aku ora kuwat mas !” omonge Yuni.
“Piye ya dik ? Neng njero wae apa piye?”
“Iya mas, iya !”
“Mrene tak tuntun…, ati-ati lho mlakune ! peteng !”
Wong loro tangane padha gratilan nyekel-nyekel apa sing ana neng ngarepe kareben ora nabrak-nabrak. Thimak-thimik mlakune kaya simbah-simbah. Kebiasaan kontrakane bocah lanang, barang-barang pating slengkrah neng sembarang panggonan. Klambi-klambi isih ana neng kursi, CD-CD nganti nyasar tekan ngarep tipi.
“Aduh mas…”
“Ana apa dik? Kowe neng endi, aja adoh adoh !”
“Sirahku kejedhuk lawang, lara mas ! Mrene to ya…!”
“Iya, iya, tak susul mrono !
Ora dinyana, arep nyusul malah sikile kesandhung kusen lawang. Pancen peteng ndhedhet hawane gawe ati nggondhuk. Neng mripat remeng-remeng, pandhelenge ora jelas lumakune dadi kaya uwong illang mripate. Ora sengaja Anton tibane nabrak Yuni.
“Gedabruk…!”
“Aduduh..aduh mas !”
“Apa dik, apamu sing lara ?”
“Janggutku kena sikutmu mas..”
“Endi coba tak eluse ! Lho dik kok rasane beda”
“Mas, kuwi dudu janggutku !”
Sak nalika kuwi ngepasi listrike urip, lampu mempan mak byar. Anton kaget jebule sing didemek lan dielus kuwi dudu janggute. Wong lorone padha-padha isin. Nanging ora digagas, ethok-ethok kaya ora ana apa-apa wong loro padha mlaku maneh menyang kamar. Siji kanthi siji wong lanang wadon lumampah mecaki dalan mlebu kamar. Kahanan wis krasa dalu banget Anton langsung nyandhak slimut neng lemari.
“Dik, aku turu sik ya?”
“Iya, o ya mas takon. Ki ana barang apa to, kok bentuke apik, kaya karet?”
“Ora usah digagas kuwi dhuweke Coro !”
“Ooo…, ya wis ! Tak kira wadhah eskrim, bentuke kaya lolipop !”
Ora antara suwe Bocah lanang ora pati dhuwur nanging awake keker kuwi langsung tepar. Cangkeme mangap limangsenti, nek danganan pacul mesthi klebune apa maneh nek ana kungkong liwat, sido diuyuhi.
Mung keprungu suwara banyu kalen sing kemucur nggondhol rerusuhan sing wis suwe manggok. Ceblang-ceblong kodhok kaya bakul siomay. Ambu lemah sing kena banyu udan ngatonke aroma alami hawa sepi. Yuni isih nonton film neng komputer karo ngemil. Ora sengaja kebukak file film tiiiiittt. Yuni nonton nganti tamat limang judul.
“Mas..,mas, ayo tangi !”
“Ana apa to dik ?”
“Aku dibaturi nonton film, nek dhewekan ora enak !”
“Ya wis,film apa to?”
“Ki lagi tak setel !”
Ora nyana wong loro padha asyik olehe nonton film mau. Pancen lenane manungsa, wong loro kuwi ora bisa ngempet pangrasane. Kanthi ilmu saka film mau bocah loro mau tanpa teori langsung praktek. Kira-kira ana telung SKS wong loro mau sibuk olehe praktek. Bareng oleh limang rondhe wong loro padha tepar nganti esuk.
Padhang langite suryane wis katon neng wetan mencorong abang, kaya mripate wong kang lagi tangi turu. Kembengan-kembengan banyu katon beneng, kabihe dienggo gopak bebek dadi butheg. Kanthi mripat kang isih anteb Yuni nyoba ngedegake awake, nyandhak klambi sing diselehake neng pinggir kasur. Yuni linggih neng pinggiran dipan kasur mikirke apa sing dilakoni ndek bengi. Neng Sisihe isih ana Anton isih tepar ketutupan slimut sing gambare kembang-kembang lan cangkeme isih tetep mengo.
Yuni neng njero atine tokan-takon apa sing dilakoni ndek bengi kuwi salah. Dheweke ora ngira nek bakalan bisa kadadeyan kanga mangkono. Nanging bocah wadon kanthi rambut dawa lurus ireng tur kandel kuwi uwis ngrasakake seneng. Ngrasakake apa kang ora tau dirasakake sakurunge. Rasa gela campur seneng kemebul muleng neng njero dadane.
“Aku…,”
“Aku…,”
“Aku wis ora prawan !”
“Aku wis ora suci maneh !”
Ora let sedhela eluh mili saka mripate sing beneng kuwi, dleweran neng pipi nganti tumetes neng klambine. Bocah wadon kuwi nangis njeguguk dhewekan. Dheweke ora bisa ngira apa sing bakal kadadeyan nek nganti uwong tuwane ngerti. Dheweke eling nalika embokne mbeteti pitik, diodhet-odhet ususe, disuwek dhadane, dirogoh butrune. Dheweke kuwatir nek nasibe bakal kaya pitik kuwi.
Cah wadon kuwi nangis kawit jam nem nganti jam sanga, nanging sing lanang tetep durung tangi. Ngancik jam sepuluh Anton lagi njenggelek. Ngerti neng sisihe ana Yuni sing lagi nangis mingseg-mingseg.
“Dhik, kenapa nangis ?” takone Anton
“Mas, aku…aku wis ora suci maneh !” Yuni mangsuli.
“Ora perlu nangis dhik, aku bakal tanggung jawab nek kowe nganti meteng! Tak golekke dukun pengguguran !”
“Haa…apa mas !”
“Guyon…, aku bakal nikahi kowe kok dhik ! Masa gelem enake ora gelem anake !”
“Matur nuwun Mas !”
“Nanging enak to dhik ?”
“Iya mas !”
Dina ganti dina dilakoni, ora ngira wis telung sasi wis diliwati. Bocah loro mau wis rong sasi ora ketemu amarga padha-padha lagi Kuliah Kerja Nyata (KKN). Rasa kangene wis ora kebendhung maneh, kaya wong kakehan mangan sambel sing pedhes banget kebelet pengin neng WC. Wong loro kuwi ketemu neng kontrakane Anton. Nanging sajake ana kabar elek sing digawa. Raine Yuni mrengut, njengkerut, kecut.
“Mas, Ngerti ra?” Yuni nyentak.
“Apa to, mbok sing sabar to !”
“Sabar piye, ki lho ana kadadeyan !”
“Kadadeyan apa, ngomong sing jelas to ya !”
“Aku telat telung sasi…!”
“Apa ?”
“Iya mas, aku meteng !”
“Aku wingi lali nganggo barange Coro, dadi ya bocor dhik !”
“Ya wis dhik ora apa-apa, pancen wis salahe dhewe kudu siyap nanggung apa wae sing bakal kedaden. Aku bakal Nikahi kowe dhik !”
“Tenan lho mas…!”
“Iya, saiki kan wis kadung kelakon. Ayo dilakoni maneh. Mumpung durung entuk anake ayo padha golek enake.
***
11 Desember 2008
KANCAKU MUSUHKU
Dening Yoni
Dina wis mulai peteng, srengenge wis temutup gunung. Mung ana suara adzan keprungu saka kadohan. Langite rada mendhung, hawane atis aras-arasen kanggo adus. Nalika iku ana sawijininging bocah enom lagi turon ning ngarep teras. Sajakke sayahen amarga sedina mau ngurusi bocah-bocah mahasiswa anyar. Anto pancen kesel dadi panitia orientasi kampus. Asale pancen saka Bandung, nanging bahasa jawane lumayan lancar. Amarga wis cukup suwe kuliah ning Semarang. Sewengi mau wis ora turu, ora mikir apa-apa. Sing ana ning pikirane namung mie ayam karo teh anget.
“Tok, piye kok turu wae !” Takon kancane sing nembe teka.
“Alah…embuh! Aku kesel banget…” Anto mangsuli.
“Cewek mu…?” Tambahe.
“Ki kenalan dhisik karo adhik ponakanku saka Jakarta !”
“Sherly…!” Sahure satunggaling bocah wadon sing manis praupane kanthi swara sing renyah agawe ndredek atine Anto, jaka lanang sing bubar diputus pacare.
“Aku….aku….! Aku Anto…dari Bandung !” Jawabe Anto gemeter.
“Kok milih kuliah di Semarang ?” Tambahe.
“Seneng wae, emange kena apa ?”
“Lho, bisa basa jawa tho…oalah !”
“Aku isih keturunan Jawa, nanging ning kene aku njupuk jurusan basa Indonesia!”
Sedina mau Anto atine seneng banget bisa nemu bocah sing enak diajak jejagongan. Apa maneh bocah mau isih tanggane. Bocah loro mau lagi sedina ketemu nanging wis kaya kenal suwe. Anto ngentekna dina iku karo bocah wadon sing manis mau. Malah-malah pas dina iku Sherly nginep ning kose kangmase sing siji kos karo Anto amarga durung golek kos. Anto terus wae ngrewangi Sherly nyiapake sangu kanggo orientasi sesuk. Apa maneh Anto iku panitia, dadi ya saya gampang nguruse.
Dina ganti dina wulan wis diliwati bocah loro mau saya raket wae, kayake ing sajroning ati bocah loro mau wis ana rasa sing lair saka benih-benih katresnan. Nganti wektune teka, Anto lagi lenggahan dhewe karo Sherly ana taman.
“Sher….!” Sumahure Anto
“Iya…!” Sherly uga mangsuli.
“Aku cerak karo kowe niki kowe ora apa-apa?”
“Ora, kenapa ?”
“Nek menawa bojomu ngamuk…!”
“Bojo itu apa ?”
“Pacar !”
“Ooo…nggak ada tuh !”
“Nek arep ndaftar isih ana formulire pora ?”
“Buwat kamu nggak usah pake formulir juga aku terima !”
“Tenan Sher…!”
“He-em…”
Nalika Sherly diajak mlaku-mlaku, Anto sida metu uneg-unege saka jerone ati kang polos mau. Rasa kang ora bisa dipendem maneh.
“Nalika tak pandeng mripatmu sing bening iku, wektu iku uga aku tresna karo sliramu. Nalika esemu sing manis kuwi ngetokke suminare atimu kang tulus! Nalika suwaramu sing alus kuwi keprungu kupingku, wektu iku uga aku tresna sliramu! Aku njaluk ngapura marang kowe yen aku ngomong kaya ngene. Nanging aku ora kuwat ngempet rasa iki….!”
“Mas, sakbenere aku lah ya wis suwe ana rasa karo kowe !”
“Trus…!”
“Kalau aku yang ngomong duluan kan saru !”
“Dadi !”
“Aku gelem Mas, aku siap dadi bojomu. Alahhh…pacarmu !”
“Bisa aja kamu !”
Wengi iku dadi saya endah nalika gathukke bocah loro sing lagi nandhang tresna. Linenggahan ing sangisore suminare cahya rembulan kang madhangi ati bocah loro mau. Ning njero ati mung ana kembang isine. Kasmaran nalika tangane Anto nyekel tangane sedherek ayu iku. Digenggem kenceng tangan mau, rasane ora pengen diuculake. Sherly mung bisa ngrasakke angete rasa asih saka tanganne. Kemerlipe lintang wengi iki kaya-kaya nyekseni bocah loro dadi siji.
Nanging saiki Anto wis saya sibuk ngurusi kegiatane, jarang ngapeli. Sing Sherly dhewe saben marani Anto terus-terusan ora ana. Malah sidane dadi kerep njagong karo kancane Anto sing jenenge Fajri, kanca rakette Anto. Nganti katiwasan, Anto krungu kabar nek pacare mau selingkuh karo Si Fajri.
“Huuuuaaaaaaccccchhhhhh……….!”
“Asem kabeh, sial…, brengsek…!” Sosote Anto.
“Wis tho, Tok. Ora usah ngono,sapa ngerti ora kaya ngono !” Alem kancane.
“Ora piye, aku ngerti dhewe bocahe padha boncengan ! Mulane sih tak kira ya ora ana apa-apa, nanging…”
“Ditakokki dhisik bocahe !”
“Wis, lunga….!”
Glontang…..brakkkk….piyar… ! Suwara-suwara barang padha dibantingi keprungu saka kamare Anto. Atine wis kadung remuk, ora ana sing bisa nambani larane. Dhewekke ora percaya nek Sherly bisa nglakoni tumindhak kaya kuwi. Mangka rasa percayane Anto karo bocah wadon mau ngluwehi apa wae. Dina iku saumur-umur nembe ngrasakke lara ati kang kaya ngene. Ora nduwe semangat urip, apa maneh mung kanggo mangan sega. Welas sanget kahananne Anto wektu iku. Kanca-kancane uga melu sedih ngonangi kadadeyan kaya mangkono. Nanging ora bisa nglakoni apa-apa, arep ngomongi padha wedi. Nanging nek diumbarna saake.
Ning wektu kaya mengkono Fajri kanca rakette sing kudune ngeneng-ngeneng, malah lunga ning ngendi ora ana sing ngerti. Mestine bocah lanang mau lunga karo Sherly, cah wadon sing nggawe lara atine bocah lanang sing isih polos kuwi. Tega-tegane Si Fajri ngianati Anto sing wis kaya dulure dhewe. Mangka Anto wis percaya banget karo kanca sak kos-kosane mau. Pancen pasangan iki padha ora nduwe rasa, wis diwenehi ati malah ngrogoh tai. Bareng telung dina ora ana kethok, akhire Fajri balik mara kose.
“Tok, aku pengen njaluk ngapura karo kowe !” Omonge Si Fajri.
“Ngapura apa ? Asem ya, kowe isih wani nemoni aku !” Jawabe Anto.
“Kowe pancen tega tenan, Ri ! Kowe sing tak percaya malah mbalela !”
“Ya aku salah, mula aku saiki njaluk ngapura !”
“Wis telat….”
“Sherly isih seneng karo kowe !”
“Nek pancen ngono kenek apa gelem karo kowe ?”
“Aku mung pelarian …!”
“Alaaaahh….ndobol ! Kowe ora usah ngapusi !”
“Tenan…..! Tenan Tok, tenan !”
“Alah lunga kana kowe !”
“Sik, nek pancen ngono sok malem minggu kon mrene !”
“Iya…iya….! Bocahe mesti geleme…”
Bubar saka kana langsung wae Si Fajri mara ning kos-kosane Shrely, kanggo ngomongna perkara mau. Ing jero atine Fajri wis radha tentrem Anto gelem maringi kesempatan maneh. Wis tekan panggonan motor dijagangke, langsung ngetok lawang kos-kosane. Kabegjan sing mbukak lawang mau Sherly dhewe. Rai polose isih ketara, bocah sing lagi tangi turu mau isih durung kumpul nyawane. Ning ati kang polos mau ara dinyana ana sifat sing kaya mengkono kuwi. Ngadol rasa tresnane karo wong liya, ngianati wong sing paling tresna karo awakke.
“Sher, aku pengen ngomong karo kowe !” Ajakke Fajri.
“Ngomong apa ?” Wangsulane bocah wadon sing lagi lungguh ning sisihe kuwi sing lagi ngganggo kaos njambon karo celana tiga perempat, tambah kethok manise.
“Sok malem minggu kowe mara ning kosku ya, marani Anto !”
“Piye ya, aku ora wani….! Aku ajrih !”
“Wis, pokokke mara wae…, ora apa-apa ana aku !”
“Nanging aku tetep wedi…!”
“Kok pethuk wae ya….”
“Ya ora isa, bisa-bisa Anto malah tambah ngamuk !”
“Ya wis, nanging aku tak ngejak kancaku ya !”
“Karepmu pokokke teka !”
Sedina bocah loro padha ngrembug perkara kuwi. Anteng-anteng wae, kaya-kaya ora nduwe utang.
Dina sing dienten-enteni wis teka, Anto wis linggih ana ing ngarep teras. Mikirna nelangsane uripe sing kaya kuwi, nanging sajakke wonge wis radha ayem. Ora bengok-bengok kaya wingi, mbantingi saanane sing dingerteni. Sing Fajri mung gitar-gitaran ning pojokan, ora wani omongan karo Anto sing katon isih abang mripate. Ora antara suwe, kira-kira bubar maghrib Sherly teka karo kancane langsung njujug Anto sing lagi ngalamun. Ngerti kaya ngono, Fajri nyelunung wae mlebu kamar.
“Kena apa, Sher ? Kena apa….”
Sherly meneng kuweden.
“Kena apa kowe nganti tega nglakoni perkara kaya ngene ?”
Sherly isih meneng ora wani ngomong apa-apa.
“Aku ora arep ngamuk karo kowe, Fajri apa sapa wae ! aku mung pengen kejelasan. Saka kowe. Kowe bocah wadon sing tak tresnani temenanan tega ngianati wong lanang sing ringkih kaya aku iki. Malah-malah kowe karo kanca cerakku dhewe…! Apa kowe wis puas nggawe atiku lara ?” Omonge Anto dhawa karo sedherek manis sing nggawe lara atine.
“Aku…, aku…”
“kowe apa ?”
“Aku ora sengaja !”
“Ora sengaja piye !”
“Sik tho, aku pengen ngomong !”
Anto meneng keprungu suwara mau.
“Aku janjane ya ora pengen kedadeyan kaya ngene ! Aku rumangsa kurang, kowe saiki jarang nemoni aku. Mangka kowe ngerti aku iki butuh kowe ? ketemu paling seminggu pisan ora mesthi ! Nek pas aku butuh kowe, aku mrene kowe ora ana terus. Sing nemoni lan ngancani aku malah Si Fajri, kiraku bocahe nyambungan, enak diajak njagong. Aku lah ora ngira nek dadine kaya ngene !” Jawabe Sherly kanthi netesna eluh saka mripate netesi pipine sing putih resik.
“Aku ngerti, aku pancen salah !”
“Ngerti ngono, kenapa kowe ora ngomong karo aku ! Kowe ya ngerti saiki aku lagi akeh kegiatan. Nek pancen ora ana kegiatan, kowe…..kowe wong nomer siji sing tak parani !”
Mung hawane sing sedih kaya kuwi malah nggawe suasana dadi tambah sedih. Wong loro wis padha nangis ora bisa ngemet apa sing ning njero ati. Fajri sing ning jero kamar nduwowok melu-melu nangis.
“Saiki aku pengen takon !”
“Apa, Mas !”
“Apa kowe isih tresna karo aku !”
“Tresnaku saiki isih kaya winginane mas, ora kalong..,”
“Saiki aku takon maneh ! Kowe tresna karo Fajri….?”
Sherly meneng wae.
“Fajri……., fajri……!” Bengoke Anto nyeluk Fajri sing ning kamar.
“Ana apa ?” Jawabe.
“Linggiha kene kowe…!aku pengen ngomong !”
Ning ngarep teras omah kos-kosan kuwi ana bocah telu sing lagi nangis-nangisan. Suwasanane wis tambah sedih maneh,wis ora ana maneh sing bisa mesem apa mneh ngguyu.
“Sher, aku takon maneh ! Apa kowe isih seneng karo aku…..”
Sherly tetep meneng.
“Fajri, apa kowe seneng tenan karo Sherly ….”
Fajri meneng sisan.
“Sher, ngene wae nek kowe pancen isih seneng karo aku tanganmu mrenekna! kowe barang Jri, nek kowe isih pengen dadi kancaku, mrenekna tanganmu !” Omongane Anto kanti suwara ngombak amarga tangise.
Bocah loro sing ana ning ngarepe Anto kuwi padha menehna tangane ning tangane Anto karo nangis-nangis. Ora ngerti apa sing dipikirake Anto, tangane bocah loro mau malah ditemokake.
“Sher…, Jri…saiki aku pengen kowe cah loro dadian !”
“Tok…” Omonge fajri bengok sinambi nangis.
Knca-kancane Anto uga padha meli nangis sinambi nginceng kadadeyan mau sak cendela kamar kos ngarep.
“Aku…aku…” Sherly melu-melu ngomong.
“Wis, aku ikhlas !” Omonge anto.
“Aku ora bisa Tok, aku ora bisa nampa surga nek kowe enthuke neraka !”
“Mas, aku lah ya isih seneng kowe !” Omonge Sherly karo nangis mingsek-mingsek.
“Jri, percaya…aku tetep enthuk suwarga !
“Sing penting kowe cah loro seneng aku melu seneng !” Omongane Anto karo ngusapi eluh sing bubar mili karo ngempet nangise.
“Wis aku tak lunga dhisik…!”
“Thok, arep ning endi !”
“Mas, aja tinggal aku !”
“Wis kowe padha ning kene wae, aku lagi ana perlu !”
Mentas saka panggonan kuwi Anto nyandhak montore langsung amblas saka papan kuwi. Bocahe wis mungkiri apa sing dadi atine. Nyata mau, Anto nggathukake Sherly karo Si Fajri, ing mangka jero atine nangis. Nganti numpak montore ya semrawut. Samber kana, samber kene arep nabraki wong sing diliwati. Ora ngerti apa sing di tuju wonge njujug gedung kampus langsung munggah ning lantai telu.
Ning kana mung Anto dhewekan lagi ngalamun ngiling-ngiling kadadeyan mau. Pikirane wis ora ana waras-warase. Mung isine pengen mati. Nganti pikiran cendak metu saka atine.
“Huuaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaccccc……….ccccccchhhhhhhhhhhh!” Bengokke Anto bantere pol saka lante telu.
“Ndonya ora adil….,”
“Ndonya tego karo uripku !”
“Apa pancen ndonya pengen medhot uripku ?”
“Nek Pancen ngono….”
Anto munggah ning tembok sing dadi alang-alangan siap arep mlumpat. Mung ora sengaja wae sikile kepleset, bocahe tiba nanging tangane isih sempet nyandhak pucuke tembok mau kanggo cekelan. Nanging ning pikirane isih pengen mlumpat. Nanging wektu dhewekke arep mlumpat, tangane wis dicandhak kancane.
“Wis tho….uculna tanganku ! Umbarna aku modar !”
“Aja ngono Tok, masalah wedokan wae nganti ngono !” Omonge kancane.
“Kowe ora saake karo wong sing ning omah piye ?”
Anto meneng karo mikir.
“Wis ora ana gunane aku urip, nek sing ning omah ngerti aku kaya ngene mesti luwih lela nek aku mati !”
“Kowe salah Tok…, kowe salah ! kabeh mbutuhna kowe !” Omongane kancane karo natesna eluh.
“Kabeh pengen kowe…”
“Aku ora layak urip !”
“Ora kaya ngono Tok, urip iku anugrah. Kudu disyukuri…!”
“Pikirna bapak ibumu sing ngarep-arep kowe bakal sukses, bisa ngrewangi wong tuwamu golek dhuwit. Kowe kudu urip…!”
Anto meneng terus mikir-mikir, eling karo wong tuwane. Dhewekke ish rumangsa ning ndonya iki durung nganti gawe seneng wong tuwane. Wong tuwane sing kawit cilik ngrumat awakke kanti welas lan asih. Alon-alon Anto gelem munggah direwangi kancane mau.
“Kena apa Tegaaaaaaaaa….!” Bengokke maneh.
“Wis…., wis…..” Neng-neng kancane.
“Ndonya ora adil karo aku…….!”
“Tresna aku pengen ngerti wujudmu…..!”
Selengkapnya...
14 Juni 2008
KENANGA NGEMBANG MELATHI
Dening : Yonin Ahmad
Gembor-gembore suwara orkes padha muni kanti obahe tangan-tangan pemain sing nglakokake. Suwarane mblebegi wong-wong ning sekitare, iku nalika ning nggone Pak Mat lagi nyunatake anakke sing nomer telu kanti nanggap orkes dangdut campursari. Saiki wis jam sepuluh bengi, isih katon Juliati lagi linggih ngenteni gilirane nyanyi. Biduan sing siji iki pancen dienten-enteni metune karo para penonton. Ora mung saka rupane sing ayu tur manis, lan body awake sing mbahenol, nanging suwarane uga mak nyus dirungoke. Rambute sing ireng sing senengane diurai kuwi nambahi manise, ditambah awake sing putih lan mulus iku nggawe ngiler wong lanang-lanang sing padha nonton.
“Sekarang kita tampilkan artis kita dari Pati, Julia Amara….!” omonge MC-ne.
“Yang akan membawakan lagu yang berjudul Kenangan !”
Juliati sing luwih dikenal kanti jeneng Julia Amara iku maju ning tengah panggung.
“Penonton masih semangat ?”takone Juliati Karo penonton.
“Semangat…!” jawabe pononten bebarengan.
“Yiak, sekarang saya akan menghibur penonton semuanya dengan menyanyikan sebuah lagu yang berjudul Kenangan !”
“Ayo digoyang…!”
Musike wis ditabuh, Juliati uga mulai nanyi karo goyang ning ngarepe para penonton sing lagi jejogedan. Wis biasa banget nek ning ngarep panggung kuwi kebak lanang-lanangan sing padha mendem sinambi jogedan. Desek-sesekan, jorog-jorogan, ora kaget nek biasane ana gelut.
“Kenangan yak tak dapat kulupa walau sampai akhir hidupku, kenangan didalam hidupku mempunyai arti tersendiri…, kenangan…., kenangan…., kenangan…!” suwara lembute Julia nggawe para penontone krasa padha mabur.
“Ayo di goyang syik!”
“Goyang terus…yo!”
Goyangane Julia kaya-kaya ngehipnotis penonton supaya melu njoged. Wong-wong ning ngarepe sing sentik-sentik setengah sadar karo melek-merem sempoyongan uga melu njoged. Saka mburinan katon ibune Juliati lagi lungguh sendhakep, linggih jigrang karo iliran. Dandanae Winarti, ibune Juliati mau menor-menor kaya iwak lohan jarene tetembangan jawa. Wonge wis tuwa nanging dandanane isih kaya prawan ora payu. Kayake wong sing seneng diundang Vina iku lagi nunggu pelanggan sing wis dijanjeni.
“Wah, duwitku kok ora teka-teka ki ning ngendi?” gremenge Vina.
“Si Danar wis ora nepati janji ki, telat!”
“Asem ik, nek ngene syarate aku tekor ki!”
Kaya biasane, ana-ana wae penonton sing hobine nyaweri para biduan. Seketewu, satusewu metu saka tangane sing nyawer. Tamtu wae biduane ora nolak, lha wong biduane ya golek duwit. Biasane wong kuwi nduwe tujuan liya, yaiku golek daging mentah. Biduan sing wis dikapling mau diajak metu kon mbaturi turu diwenehi sangu. Semono uga wengi iku, wong lanang sing mau nyawer Juliati ning mburi nemoni Julaiati arep dijak ning hotel.
“Ayo Julia?” omonge wong mau.
“Ayo lahapa mas?” jawabe Juliati bingung.
“Ya, biasa ta aku diresiki!”
“Asem ik, Nar jebul kowe wis ning ngarep ta?” pitekone Vina.
“Ya, iku lho mase dibaturi!” tambahe ibuke.
“Engko lak ngerti dhewe ta, kuwi bos lho ndhuk!”
Juliati bocah cilik sing isih pitulas taun iku ora mudheng apa-apa angger melu wae karo om mau sing kanyata jenenge Widanarto. Juliati durung ngerti apa-apa. Dhewekke ora kaya biduan sing dikira Danar, dadi ora mudheng apa sing di karepake juragan ukir iku.
Nganti akhire mobil sing ditumpaki Juliati iku mandheg ning ngarepe Hotel Bidadari. Awale mung dijak mangan, nganti jam setengah rolas biduan sing manis kuwi akhire dijak mlebu kamar. Nanging nganti semono Juliati isih during mudheng apa sing bakal dilakoni. Bocah sing isih polos kuwi ora ngerti yang awake bakal kena mala.
“Jul, rene aku dipijeti!” kongkon Danar.
“Oh, iya mas !” jawabe Juliati kaget saka olehe ngalamun.
“Awakku pegel kabeh ik Jul, dikeroki sisan ya?”
“Iya mas, sik ya tak njupuk balsem!”
Ora nyana banget yen ana wong tuwa sing tega-tegane nedol anake dhewe. Kanyata awake dhewe kuwi ya wong wedok sing ora nggenah, nalika nomo-noman dadi biduan sing nyambi. Ora antra suwe Juliati mijeti Danar, saya suwe Si biduan manis kuwi ngrasake ora enak kaya-kaya aerp ana apa-apa sing ora apik karo awake.
Ujug-ujug wae Bos ukir sing doyan wedokan kuwi ngrangkul Julia nganti tiba ning ngarepe. Ora antara suwe Danar wis mulai grayangan.
“Aja mas, aja…!” penggate Julia.
“Ora apa-apa dhik, rene ora usah isin-isin mas dibaturi turu!” omonge Danar.
“Emoh mas, dosa!”
“Ora apa-apa dhik, ora ana sing ngerti!”
“Aku wedi karo gusti Allah mas, aku dosa !”
“Ora apa-apa dhik, wong ibunem wae ora apa-apa!”
Langsung wae Julia nangis ning ngarepe wong lanang kuwi. Dhekne ora nyangka nek ibune tega banget karo awake. Ibukke sing paling ditresnani jebule tega kanget kro anakke sing nurut banget karo wong tuwane. Julia ning kono isih nangis, saya suwe saya benter karo pating dleweran ilune. Si Danar malah dadi bingung dhewe. Akhire Julia diumbarke metu saka hotel mau.
Bareng tekan ngomah Julia malah diseneni ibune.
Selengkapnya...
08 Agustus 2007